Postingan

Karangan Wengi Sepi

WENGI SEPI Kodhok ngorek ing tengah wengi diiringi swara jangkrik sing rame. mahanani getering ati lan suasana mboten kepenak wengi sepi ing peringing giri lan hawa khas adem banget. ijen tanpa kanthi, kaya tiang sing paling sepi, nanging suasana kaya iku sing khas ing giri, sepi lan adem. ati iki nglangut tanpa tepi, kaya suasana sing mboten lumrah. Ah, duh gusti sayekteni aku ero yen aku iki ora mung sawiji, aku ero yen aku ora kesepian. Iseh ana panjenengan gusti, kang tansah anjampangi lumaku ku ing dunya iki. Nalika aku nglakoni sholat tahajud, ing wayah wengi, ing wayah wong iseh pada turu, ing wayah kang suci, aku mung iso pasrah marang panjenengan gusti. aku mung iso pasrah sumarah kabeh papesthi. Gusti ben kulo eling kalih panjenengan dakbukak lembaraning Urip kawuri Kulo sadar lan Kulo nyuwun ampunan marang njenengan Gusti amarga kebak dosa kang wus daklakoni. Nanging aku manungsa lumrah, ingkang tansah ngucap syukur dhumateng sedaya nikmat ingkang sampun kaparingaken. Tan ka...